BALI
MENYANG SUSUHE
Manuk-manuk kuntul
Bareng ngegarake lar
Ing sadhuwuring tirtaning samodra
Mecaki mega ing sadhuwuring kutha
Karo ngidung donga muga nemu begja
Tekan ing susuhing kelangenan
Manuk-manuk kuntul
Mencokake ati ing pang-pang panguripan
Nyendhekake raga sawutuhe marang wengi
Mesu cipta ing pang dhamparing
kanikmatan
Ati ayem bisa bali maneh ing susuhe
Manuk-manuk kuntul
Kalerem angin adheming wengi
Tanpa sanggan lan kekuwatiran
Tanpa mikir apa kang dumadi ing dina
candhake
Kabeh mili ngenut kersaning
pangaribawaning wengi.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar