PESISIR
TANJUNG BENOA
Tanjung Benoa ….
Aku kepeksa ngelap waspa
Kang ndlewer tanpa rinasa
Tandha lambanging ati ngumbara
Kasempyok angin lan ombak prahara
Tanjung Benoa ….
Aku kepeksa ngelus dhadha
Meruhi ewon pasir cacahing dosa
Kaya watu karang kang angker prakosa
Tanjung Benoa
Tuduhna sumbering kiblat papat
Aku nedya manembah srengenge
Aku nedya cecaturan karo rembulan
Aku nedya takon karo ombak
Aku nedya ndedonga bareng watu karang
Aku nedya ngeburake pengangen-angenku
Ing sadhuwuring samodramu.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar