Sabtu, 16 Juli 2016

ING KAMAR IKI



ING KAMAR IKI

Ana rasa ngumbara tanpa mantra
Netesake luh kasmaran kang tanpa tidha
Ora bisa kandha lan crita
Kabeh ginambar ing dhadha

Ana saklamit ukaraning pandonga
Kang katut ing ilining wengi
Pangangkah lan pangajabing dhiri
Muga aja ana wektu kang mungkasi

Talining asmara kasunyatan dawa
Bisa diulur nganti pungkasaning donya
Kabur ing pepeteng angel dideleng
Mung ati kang bisa ngopeni

Ayo bareng ngrenda impi
Lumebu ngliwati korining aji
Cundhukan kembang mlathi arum wangi
Aja diuwali lan diuculi.

                                                A. Sardi , Juni 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar