SAUMPAMA
Saumpama
gaganging uripku ora alum
Wus
dak selung ebun mawa gayung
Sedya
ndak enggo nyiram murih resiking ati
Lan
aja nganti nglari ninggal gusti
Saumpama
mendhung iki bisa dak saponi
Langit
iki bakal tinarbuka kebak pratandha
Ndayani
kita uwal saka bebandaning dosa
Lan
bisa lelangen manut hak lan kuwajiban kita
Saumpama
mosiking angin bisa ndak endheg
Datan
ana siji janjiku bakal kinowahi
Lan
nawurke kembang setaman ing jaman
Saumpama
aku bisa nyiram kaya udan
Aweh
daya ngaurip luar saka parepen
Mbengkas
lan mbela kekarepaning netra
Lan
donya iki bakal kawentar dadi anyar.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Wage, 26 Januari 1991
Tidak ada komentar:
Posting Komentar