PARANGTRITIS
aku ngerti ngendi lakuku
nalika wengimu semene sumringahe
jejeritan kaya ombaking samodra
sugeng dalu, ature bayu
ing antarane kaprungu kuping
anyipta wewangen asmara
kanthi meneng ayem
ing dhasar ati
"aku kudu masrahake sepi
aku kudu semedi nenepi
aku kudu ngidung puji
aku kudu nyebut ... dhuh gusti"
aku noleh isih ana siji panandhangku
bakal ndak buang adoh ing tengahing jaladri
sesuk emben bakal ndak undhuh kanggo pasucen
A. Sardi
sampun kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu Kliwon, 3 Nopember 1990
Tidak ada komentar:
Posting Komentar