Selasa, 05 Juli 2016

PEPALANGING GESANG



PEPALANGING GESANG
     
ing sadawaning laku gegayuhan kapang
aja pisan-pisan sira anggresula
apa maneh sesambat lara ngaluwara
nanging tampanana iki margining karaharjan

ing sadawaning dalan nggayuh pepadhang
aja pisan-pisan sira kabur kanginan
katut mring ombyak ilining jaman
kabeh pepalang bakal kapungkasan

ing sadawaning lakuning gesang
jamak nemu lan nemahi pepalang
nedya nanting kuwat lan kwagang
kanggo ndhepani gegadhangan.

                                                                  A.Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar