PITAKON
lah,
sira iku sapa
suthik
ngakoni titah kang cilik
kumawani
nguwasani donya
lah,
sira iku apa
raga
sawantah kepanjingan sukma
datan
suwe bakal tumekaning sirna
lah,
sira iku sepira
ngegungake
rasa ngudi bandha lan kuwasa
samangke
datan bakal lana
A. Sardi – Solo Baru
Tidak ada komentar:
Posting Komentar