Kamis, 07 Juli 2016

WEDHAR JANJI



WEDHAR JANJI

Dhiajeng …..
Resepna ing ati rumasuking pedhut raina
Kang tansah ndedawa donga luwar saka lapa
Sedya ninggal weling mring kahanan aking
Siji kang dititipake ing ron-rong garing
Wus kawarta ing ocehing peksi-peksi jlantri

Dhiajeng …..
Menawa nyawang kembang ing taman
Tuwuh kangenku mawantu-wantu
Kang wus kasimpen mawindu-windu
Datan kinesok kaya grimising kaliurang-ku
Iki pepiling kang gumeling lan ndak sandhing

Dhiajeng …..
Yen entuk palilahmu lan kekudanganmu
Wengi iki duwekmu lan duwekku
Pedhut iki kemulmu lan kemulku
Angin ingin napasmu lan napasku
Gunung iki tetengermu lan tetengerku
Ayo dicandhak bebarengan.

                                                            A. Sardi
                                                            Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                                            Sabtu Wage, 26 Januari 1991

Tidak ada komentar:

Posting Komentar