Minggu, 17 Juli 2016

NALIKA SURYA LINGSIR MANGULON



NALIKA SURYA LINGSIR MANGULON

Nalika surya lingsir mangulon
Aku kelingan gathuke gegantilaning ati
Ngrembaka kaya tuwuhing pandhan ing gisik segara
Datan oreg dening pangamuking prahara

Nalika surya lingsir mangulon
Bareng karo aburing manuk camar sajodho
Munggah mudhun nata obahing donya
Datan miris sanadyanta nemahi wengis

Nalika surya lingsir mangulon
Ndak tawurake wedhi ing ati
Minangka tandha lan seksi janji suci
Ora wola-wali tan teguh ing janji

Nalika surya lingsir mangulon
Cancutna karsa uwal saka karya
Iki wanci kanggo gusti
Kang medhot ananing awan lan wengi.

                                    A. Sardi
                                    Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                    Sabtu Kliwon, 25 Agustus 1990

Tidak ada komentar:

Posting Komentar