SANG
MAESTRO
(Kagem Rama Ndung)
Udan tangis kang ngguyur ati atis
Kelangan bapa kang nyambang budaya
Ngukir lan ngrenda rasa
Wur pitutur kebak panglipur jujur
Ngumbah manah kang nemahi susah
Ndedawa donga kelangan bapa kang pinuja
Ngayogjakarta dadia tandha
Siji putramu lunga nglelana ing swarga
Ngrontoke ati nuwuhake puji
Ing pangajab bisa mrentulake perjuangane
Nguri-uri kabudayan jawi kang asri peni
Dadi mekaring kembang ing tengah
alang-alang
Biru klawuning kutha tandha sungkawa
Susah pinisah marang bapa kang pasrah
Kang tansah mulang warah rakyat sawantah
Dadi tuwuh greget mbangun karep
Saiki mung kari donga kang mili ing
lathi
Ngiring tindak marang Hyang Widi
Oh … Pak Ndhung
Negara lan bangsa lesu kelangan
Kutha Ngayogjakarta angluh kapotangan
Aku kang ngenal srana lakon kebak
wewayangan
Anannging kabeh lumampah saka kersaning
Allah
Mung donga lan pangajabku bisaa tinampa
Lenggah sinewaka kaapit malaikating
swarga
Saukura kang bisa cinathet ing karep
“Mlarat tanpa bandha, ananging sugih
mitra
Sugih tanpa bandha, nglurug tanpa bala:
Sugeng tindak Pak Ndung …
Kairing kidung-kidung donga adiluhung
Murih ora kesandhung ing mendhung.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Mear Sari
10
April 1991
Tidak ada komentar:
Posting Komentar