TEGUHING
ATI
Dak olak-alik kitabing agesang
Ing ngendi tinemu udining adi
Sedya dak simpen bareng rerepen impen
Kinidung sunar kang mekar mbabar
Siji-siji kaprungu swara asmara
Ginawa angin lan kasirep wengining wengi
Ilang ing pinggiring awang-awang
Rungokna tangising ati
Golekana maknaning janji suci
Sineksen kedheping lintang
Lan angslupe rembulan
Apa ya tega ninggal pun kakang
Kang tan kendhat gumeleng mesu kasmaran
Ngoncati prajanji kang wus tumali
Sedya mlayu tekan ngendi, yayi ….
Bakal dak oyak dumugining pati
Ati iki wis teles kebak pengarep-arep
peni
Lara menawa tan bisa nggayuh pangrengkuh
luh.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Pon, 16 Desember 1989
Tidak ada komentar:
Posting Komentar