S A B A R
jare simbah
ati sabar iku dhuwur wekasane
malah yen bisa
digulung lan digelar
kareben kabeh bisa kelar
sanadyanta
kaya ngenteni kereme prau gabus
lan kaya ngadhang timbule watu item
lakuning laku aja kasar
mundhak kesasar
urip pancen kudu sabar
nadyan nampa pandakwa ala
nadyan dipaeka lan dipiala
katemah kudu nemu pilara
nanging iku mung sedhela
urip pancen kudu sabar
bebasan kaya rodha manggilingan
ing titi wancine
bakal nemahi parigawe
bakal nemoni sunare srengenge
bakal nyucup beninge bun-bun suci
bakal nyecep hawaning kamulyan
bakal meruhi dalan padhang
bakal ngrasa pangimpen kang edi peni
bakal mesem gumbira
wis daksrantekake
aku nedya ngenteni tekane
sinambi ngidung donga ing ngarsaNe
muga-muga entuk palilahe
aku nedya sumendhe
nadyan sabar ora kinira watese
pengandelku tansah nguwatake
jejeging lakuku ngambah pituduhe
ngancik ing kori palenggahanNe
siji panyuwunku:
paringana kuwat aku.....
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar