TATU TATUNING ATI
Tatuning ati wis
datan bisa disranani
Nuwuhake
memala tekan ngendi-endi
Lakuning rasa
kelangan teken tuntunan
Tansah
dicecamah, dianggep salah
Tatuning ati
tuwuh dadi irenging latu
Mateni rasa
rasaning kamanungsa
Lelangen
panggah tumiba ing bantala
Dadi memala
mayuta-yuta
Tatuning ati
nemahi bilahi
Ginawa
tumekaning pati
Tan bisa
digetuni
Tan bisa
ditaleni
A.Sardi
– Solo Baru
Tidak ada komentar:
Posting Komentar