Senin, 11 Juli 2016

NATAL



NATAL

Ing tengahing wengi
Ana konang lumaku ngrangkul jagad
Cahyaning cumlorot mawa peni
Kairing kekidungan malaikat
Kang sedya asung pisungsung
Marang gusti kang mbabar jalmi

Sepining ratri saya asri
Tan ana tangis jalaran wengis
Tan ana lara jalaran sengsara
Tan ana jalma kang tan kendhat ing donga
Ngaturake darma bekti tundhuk mring gusti
Kang rawuh ngasta pepadhang gesang

Sawetara,
Para pangon ing ara-ara
Padha lumayu nedya sedheku marang hyang wiku
Atine kebak pengarem-arem ayem
Kepranan marang keagunganing pangeran
Kang sumare ing pemakaman

“manungsa ing donya padha anyeksenana
Iki putraku kang sedya ngluwari dosa
Memba-meba rawuh kaya manungsa lapa
Aja den sia-sia mundhak cilaka
Luwih becik cawisna ati kang becik
Miwitana laku mawa oboring kalbu
Kang wis katudhuhake dening putraku”

                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                                Sabtu Wage, 22 Desember 1990

Tidak ada komentar:

Posting Komentar