UWUH
Ing pojok kana isih ana setumpuk
Siji-siji kabur arusing jaman edan
Nggawa ganda rumesep tekaning jiwa
Kesampar kesandhung nambahi keduwung
Ing pojok kana isih ana secuwil
Rumaket kenthel ngrusak edining jati
N ggugah niat rasa memungsuhan
Isih ana kang ndedawa wirang
Menthang-menthang ngajak perang
Rumangsa adigang-adigung-adiguna
Saka kekadohan sinawang
Dudu uwuh
Rupa lan bentuke apik resik
Katlusur isi lan jerone
Uwuh
Aku
Kowe kita kabeh kalebu uwuhing
pranataning mangsa
Kang kadhedher marga nafsuning duraka
Pingin ngreksa apa kang ana
Malah ngruda tali peksa
Uwuh kang tuwuh ing kawruh
Nggeterake nambah-nambahi kisruh
Tan kabrasta tetep wanuh
Uwuh
Ing kana ana
Ing kene ana
Ing kana ngumbara
Sapa kang kuwasa mbrasta ?
A. Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Pon, 16 Maret 1991
Tidak ada komentar:
Posting Komentar