Selasa, 19 Juli 2016

PPASRAH



PASRAH

Dudu tangis jalaran wengis
Dudu tibaning luh jalaran tumindak angkuh
Ananging ….
Tangising batin kang kebak amis bacin
Luhing pangrengkuh kang slingkuh
Datan tansah gumeleng ing manah
Angel anggone ngudhari
Angel anggone ngoncati


Dhuh gusti,
Kawula tansah nggagas-nggagas lelakon jlantri
Gedrug-gedrug kaya ngoregna bumi
Wewah-wewah ngoncati jiwa saka raga
Kang tansah kekeceh dosa murang tata
Ananging kawula eling lan gumeling
Dene gesang kawula gumantung paduka.


                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                                Sabtu Wage, 17 Maret 1990

Tidak ada komentar:

Posting Komentar