RAMA NDUNG
Rama …..
Welingu tansah gumeling
Nyucup ing kalbu kang kelangan laku
Mawa tandha lan tuladha utama kang nyata
Rumangsa krasa nyemangati karsa
Rama …..
Wewayanganmu tansah gegawang ing angan
Ninggal kangen nalika Ngayogjakarta
kaliput peteng
Srana saremu kang dawa ing alam lana
Nerusakae karya mung mligi kanggo Hyang
Maha Kuasa
Rama …..
Donga lan pamujiku nyambangi tindak
Marak masrahke dhiri kang aji lan peni
Kang wus tinabur ing alam kubur
Muga wur pitutur tansah tinandur.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Mekar Sari
10
April 1991
Tidak ada komentar:
Posting Komentar