Minggu, 17 Juli 2016

TULISANING ATI



TULISANING ATI

Eja lan wacanen tulisaning ati
Yen nemu begja, aja banget nggone gumbira
Yen nemu cilaka, aja banget nggone sengsara
Waspadakna, urip iki kaya ubenging rodha

Wacanen tulisaning ati kanthi permati
Siji-siji wilahen salah lan dosa kang wis dilakoni
Klumpukna laku amal kasaenan kang kepalang
Aja tidha, sedheku lan ngupaya ndonga

Tulisan ati cetha trewaca
Kadhang susah – kadhang bungah
Kadhang urip – kadhang mati
Kadhang cilaka – kadhang begja
Kadhang cendhak – kadhang dawa
Kadhang tetep – kadhang ora ajeg
Mula ….
Ati kudu asring ditulisi kanthi taliti
Mawa donga pamuji marang Gusti
Dimen nemu padhanging dalan
Aja malah nglari lan lumebu ing pati
Kang tanpa tali kekuataning iman.

Tulisaning ati kudu mili
Nurut laku japra mantrane toya suci
Ora perlu salah tunjang rebut dhucung
Ora perlu suk-sukan kaya rebutan balung
Ora perlu nggege mangsa sadurunge tumiba
Wis disranta kanthi tetep memuja.

                                                A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar