LELAKON
SAJRONING LAKU
Ora nyana
Ora ngira
Ora nduga
Pranyata ing tengahing laku ana satru
Kang ngupaya mbujuk daya ngajak ambruk
Ing sajroning laku
Ana rasa susah ing tengaing bungah
Ana rasa bunga ing tengahing susah
Ing sajroning laku
Sawenenh rasa dosa luntur ing keduwung
Gegayuhaning pengarep-arep tetep
landhung
Ing sajroning laku
Dak klumpukake rasa kapangku kang
sumebar
Nedya dak wedharake marang cahyaning
rembulan
A.
Sardi