Selasa, 30 Agustus 2016

REGOLING KAPANG



REGOLING KAPANG

Ing papan iki
Aku ngupaya ngoyak tamba
Laraning kapang kang pirang-pirang mangsa kapiran
Ambles ing bang wetan
Katriwu mring jumedhule suryaning donya

Ing papan iki
Dak adhang tekamu
Nedya dak icipi manising esemmu
Kang ginambar ing pedhut-pedhut klawu

Ing papan iki
Dak gambar surasaning atiku
Kang kumleyang bareng tumetesing bun-bun injing
Cumenthel ing pucuking suket alang-alang

Ing papan iki
Dak  udi tambaning ati
Kebak tatu ngaru biru suwe ora tinemu
Keplayu mburu nafsu ngoyak satru

Regoling ati kapang
Dadia tandha pitemonan suci
Dadia tetenger wedharing prajanji
Driji tumali dadi siji

                                                            A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar