Selasa, 23 Agustus 2016

NATAL



NATAL
(kagem dhik Agnes S)


Dirungokna, dhiajeng
Loncenging swarga wus tumalu
Swarane ndhodhog ati kang sepi
Pratandha kawiwitane jagad anyar wus mekar

Sawangen endahing lintang raina, dhiajeng
Sunare ngebaki donya kang lega
Ngemu tandha rawuhining Panebus kita
Kang bakal nebus dosa-dosa kita

Ngengidunga, dhiajeng
Aweh paseksen lan atur pari suka
Dene Pangeran wis njelma dadi manungsa
Bakal nglebur manah kang lagi susah
Bakal numpes ati kang lagi apes
Bakal brastha tumindak murang tata lan duraka
Bakal nglawan kasangsaran

Semedi lan sedhekua, dhiajeng
Luluh leburen ati mangkel
Aturna sembah pangalembana
Dene Panjenengane rawuh nunggal kita

                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu Pahing, 26 Desember 1988

Tidak ada komentar:

Posting Komentar