NATAL
Kagem Mbak Eva Irmawati
I
Tebah-tebahan dhadha dhiajeng
Nggetunana laku lan nafsu nistha
Sawangen suryane lintang raina
Pratandha rawuhing dewa dewaning dewa
Tumungkul nebus dosaning manungsa
Atimu
agemana semedi suci
Lathimu
ajaken ngidung tembang-tembang kang adiluhung
Rungokna
apa kang endah dirungu
Sawangen
apa kang endah disawang
II
Wengi iki sepi lan wadi
Kita kudu nenepi semedi
Ngluluhake ati tumindak srengki, drei
lan drengki
Ngesokake manah kang pasrah
III
Lumakua
metu lawanging jagad
Kang
wus kabukak rawuhing malaikat
Tumindaka
nganggo tekening kalbu
Sebab
Panjenengane kersa rawuh ngasta oboring jalma
Nuntun
marak ngarak ngarsa Paduka
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Pahing, 26 Desember 1987
Tidak ada komentar:
Posting Komentar