Minggu, 14 Agustus 2016

BEBAS MABURA



BEBAS MABURA

Aku mung sedrema dititpi
Aku mung tinanggenah ngopeni
Aku mung winates nyrati
Ora duwe sedya ndarbeni

Aku ora kuwawa nggendholi
Aku ora duwe wibawa nguwasani
Aku ora wenang nggandhuli
Mung wenang nguri-uri

Bebas mabura
Egarna lar-larmu nyabrang samodra
Tembusen mega ing ngangkasa
Nganti kasil nemokake korining swarga

Bebas ngumbaraa
Ndlajah sajembaring donya
Tanpa ngenal titi mangsa
Nganti lega sakabehing rasa

Bebas
Bablas
Nebas
Lepas

(Aku jejering wong tuwa
Ora bisa apa-apa
Mung bisa nyangoni donga
Muga nir ing sambekala
                                                      
Aku mung ngglenggena
Pasrah jiwa raga
Marang kersaning Dewa
Muga kowe bisa nemu rasa)

                                    A. Sardi


Tidak ada komentar:

Posting Komentar