NISTHA ING GISIK SEGARA
I
Nalika
surya angslup mangulon
Dak
tembangake kidung puji
Lagu
swarane nresep ing ati
Sumrambah
tekaning semedi
Sliramu
sujud ing pangkonku
Ndayani
asmara kang nyata
Sunare
surya lunga
Ngebaki
wengi anteng tentrem
Ngemutna
jaman semana
Sliramu
lan aku ngucapke janji
Sesaji
urip nyawiji
II
Obahing
gegodhongan nggisik
Ocehing
manuk camar kang nyasar
Ndongakake
ati kang kabuntel nistha
Kebak
lelakon sengsara muspra
Asmara
tancep dhadha ilang tanpa pada
III
Pang
kang sinawang
Wus
tanpa sumliwer ijoning godhong
Tumiba
siji-siji ngrusak dining jati
Luluh
lebur tanpa dadi
Asmara
kang ngumbara, ilang gegantilane
Tanpa
tuwuh woh kang isi
Katut
lakuning ombak rusak.
A.
Sardi
Sampun
pacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Legi, 9 Januari 1988
Tidak ada komentar:
Posting Komentar