LACINING ATI
Ing njero laci ati iki
Daksimpen maneka surasaning rasa
Ana sedhih
Ana gumbira
Ana kepenak
Anak rekasa
Kaya album kencana
Ing njero laci ati iki
Lelakon-lelakon lawas sumimpen
Dadi gegambaran edi peni
Mung asring jumedhul ing pangimpen
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar