PANGLIMBANG
URIP
Esuk iki cahyaning surya ngithik-ithik
atiku
Gumuyu, tan kendhat anggiring laku
uripku
Kang tansah ngambah lendhuting srakah
Kaceblok ndheprok ora bisa alok
Embuh,
Kapan aku bisa sowan pangeran
Kanthi nyandhang kadurakan lan kadosan
Kaguyur nistha, papa lan cintraka
Pedhuting ngaurip tansah nutup edining
sukma
Sesawangan kaendahan wus kerem ayem
Siji-siji luluh keli bareng tetesing luh
Aku getun
Nggetuni laku tumindak saru
Dhadhaku dak tebahi mawa kitabing jalmi
Atiku dakpetani siji-siji nganggo
katuladhan jati
Wewah-wewah kllah,
.
A. Sardi
Sampun
kapacak ingi Djaka Lodang
Sabtu pahing
Tidak ada komentar:
Posting Komentar