ING
SADAWANING DALAN
Ing sadawaning dalan
Dak prangguli ilanging memitran
Siji lan sijine datan ngadani cecaturan
Anane mung padha bebatinan
Ing
sadawaning dalan
Kumandhanging
kabungahan ilang
Surak
gumuyuning ati datan ngumandhang
Kabeh
kabur saka alaming paseduluran
Ing sadawaning dalan
Akeh lelakon laku lelamisan
Kana kene tansah kaprungu swara
tetangisan
Apa iki tandha tandhane jaman edan.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar