Kamis, 11 Agustus 2016

KAPIRAN



KAPIRAN

Sasuwene sliramu lunga
Nadyan kapetung mung sawetara
Njero dhadha iki rinasa
Sepi
Adhem
Kebak ing kangen
           
Sasuwene sliramu ora ana
Ana rasa sing ilang
Ana kapang kumambang
Ana ati kang kapiran
Ilang
Nglambrang
Tanpa pungkasan.

                        A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar