PEPISAHAN
ING KALIURANG
Pucuking ron-ron tansah gegayutan
Montang-manting kesenggol mosiking angin
Tan bisa swala mbela angkuhing lapa
Pasrah lampah kersaning Allah
Gene atiku …
Ndak tekuk-tekuk
Ndak peksa n yawang pucuking redi
Ndak peksa ngrasakake anyeping angin
Kareben sesanggeman bareng ocehing peksi
jlantri
Rinasa sepi sepining redi gesang suci
Dhiajeng kang tansah gumeleng
Entenana ing erenging jurang gesang
Ati lan tresnaku wus ndak titipake ing sela
Menawa tuwuh kangen
Nyuwuna tetesing ebun marang dewa
Tetembangan mawa iramaning kalbu
Sapunen pedhut-pedhut kang nutup guyup
Dene aku lan kowe wis ginambar kaya redi
Plawangan lan Turgo.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Pahing, 5 Juli 1989
Tidak ada komentar:
Posting Komentar