Rabu, 31 Agustus 2016

LELAKON SAJRONING LAKU



LELAKON SAJRONING LAKU

Ora nyana
Ora ngira
Ora nduga
Pranyata ing tengahing laku ana satru
Kang ngupaya mbujuk daya ngajak ambruk

Ing sajroning laku
Ana rasa susah ing tengaing bungah
Ana rasa bunga ing tengahing susah

Ing sajroning laku
Sawenenh rasa dosa luntur ing keduwung
Gegayuhaning pengarep-arep tetep landhung

Ing sajroning laku
Dak klumpukake rasa kapangku kang sumebar
Nedya dak wedharake marang cahyaning rembulan

                                                            A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar