Kamis, 01 September 2016

KABUNGAHAN



KABUNGAHAN

Sang bagaskara jumedhul nungkul
Linambaran esem gumbira kebak pandonga
Ngganda aromaning kembang setaman
Ndayani lakuning urip megar

Kasunyatan
Kabungahan ora bisa diadhang tekane
Ora sah diceluk nanging teka dhewe
Mung wae, kudu sabar narima ing sakabehe

Kasunyatan
Kabungahan thukul mrentul njedhul
Tuwuh saka wohing tumindak kamulyan
Ora metung lan ora melung

Kabungahan
Dadi kapang …….

                                                A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar