Senin, 26 September 2016

KELINGAN JAMAN PEPACANGAN



KELINGAN JAMAN PEPACANGAN

Ing pinggiring tlaga suci iki
Aku lan sliramu nggathukake ati
Nedya naleni nunggal sawiji
Mawa kekidungan donga kang suci

Ing sadhuwuring watu
Aku lan sliramu lungguh sedheku
Kaya raja lan ratu
Lenggah ing dhampar kencana biru

Ing sangisore wit trembesi iki
Aku lan sliramu gegem gegeman driji
Mawa suket grinting naleni driji
Tandha nedya urip nyawiji

Nanging saiki …
Kabeh wis ilang saka pamuji
Ambyar ing pedhut ireng nyalawadi
Sliramu tan teguh ing janji.

                                                A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar