Senin, 05 September 2016

PANGILONING URIP



PANGILON URIP

Daksawang maneh praupan aneh
Ngetheh-etheh nyleneh
Ati buthek nanging lambe plengah-plengeh
Lakuning pikiran mubeng kay kitiran datan sumeleh
Ngudi bandha akel nanging durung rinasa pikoleh

Daksawang maneh wewayangan sesinglon
Kang kasil memba-memba kaya kewan bunglon
Sejatine wis ngerti nanging ethok-ethok takon
Ora gelem tumandang dhewe, senenge ngongkon
Ora bisa mbedake entuk becik lan awon

Daksawang maneh rupa kebak memelas
Sluntrut lan lemes kaya godhong klaras
Datan bisa ngrasa apa bedane urip lan tiwas
Datan bisa ngudi kapan urip bakal pinungkas
Pangilon urip iki kang bakal mbengkas.


                                                            A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar