YEN
Yen atimu ngrasa lara
Tumiba ing donyaning panalangsa
Apa diina dening sapadha-padha
Tampanana lan aja swala
Anggepen minangka pecuting ngisi dina
Yen sliramu rumangsa mlarat
Sukma ing raga kaya nedya oncat
Aja sambat sora kaya beledheg ing mangsa
kapat
Anggep kabeh minangka rahmat lan berkat
Kang kudu disrakat
Yen begja manjing ing angga
Aja sliramu mucuk ing rasa gumbira
Sebab kabeh iki dumadi mung sawetara
Ora suwe bakal kepranggas ing mangsa
Isenan wektu kanggo ngidung donga
Yen lakumu rumangsa kijenan
Ngambah sepi lan peteng ing sadawaning
dalan
Aja sliramu nglemprok adus luh
tetangisan
Lungguh sedhekua munjuk Pangeran
Nyuwun kawelasan lan pangampingan.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar