Kamis, 08 September 2016

CATHETAN PADINAN



CATHETAN PADINAN

Dakrenda maneh ukaraning rasa
Dadi cathetan dawa cetha trewaca
Kaya under ubenganing rodha
Dadi reroncening donga puja

            Dakgambar maneh ujaring jero dhadha
            Kadya endahing sekar megar mulya
            Sumegrak endah mangambar-ambar ganda
            Ngebaki wektu ing sadawaning dina

Dakrakit maneh kadya gurit panalangsa
Lelakon ireng nggubel sukma
Kareben kasimpen dadi bebana
Bakal dadi sanja ing ati lila legawa.


                                                A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar