TANPA KENDHAT
Patuladhan
kang ora kepangan mangsa
Sliramu
ora wicara nanging tumindak nyata
Sikil
kanggo sirah, lan sirah kanggo sikil
Mung
kanggo nyambung lakuning laku
Kang
wus kebletheng ing wektu
Kaya
kebo kabotan sungu
Aku
ngerti sliramu rumangsa kesel
Aku
krasa sliramu rumangsa rekasa
Aku
krungu sliramu datan buru napsu
Nanging
…
Ngudi
jejeging kendhil
Udan
panas datan rinasa
Rina
wengi ora dirasa memala
Reget
resik ditampa kanthi narima
Adoh
cedhak diupadi kanggo cukup butuhing tedha
Kabeh
dilakoni tanpa kendaht ing mangsa.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar