NANTAN
PANANDHANG
(nyadhong duka Gusti
Kepeksa aku kudu wani…. )
Napa malih
Laku wis kesandhung watu maewu-ewu
Pengarep-arep wus katututp pedhut
Kebletheng ing tengahing pepeteng
Ngambah dalan blethok
Kebak ri rerondhetan
Sirah kaya kesamber thathit lan bledheg
Kudu ngampet luwih lan ngelak
Daya pepes nemahi nasib apes
E … kok saiki isih diparingi
Pacoben kang nggegirisi
Mencok ing jiwa lan raga tan gelem keri
Apa iki wis pepesthi
Kudu daklakoni
Tumekaning pati?
Ora ….
Aku ngandel lan percaya
Iki dalan kang kudu daksangga
Iki pacoben kang kudu dakadhepi
Iki panyapa kang kudu daktampa
Ing titi wancine
Aku bakal nemu mulya.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar