Rabu, 21 September 2016

MANUK-MANUK ALASAN



MANUK-MANUK ALASAN

Aja kumalungkung sesumbaran
Mbengokake panantang marang srengenge
Nyacat lan nyaru gawe marang langit biru
Sesumbar marang wit-witan mawa suwiwimu
Rumangsamu:
Urip iki mung duwekmu
Sing bisa mbengok mung sliramu
Sing bisa ngambah gegana  mung awakmu
O, manuk-manuk alasan
Entenana wektu gantining mangsa
Swara sambatmu bakal sora ngaluwara
Gegedrug bantala
Nggetuni salah lan dosa.

                                                            A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar