PENGAREP-AREP
KANG KLELEP
Kaya ngenteni jumedhuling watu item
Saka sajeroning banyu tlaga
Wiji kang tinandur kebak wur pitutur
Saya tambah nggawe rasa ati kuwur
Kaya ngenteni kereming prau gabus
Kang kabotan sangga kasempyok ing
prahara
Swasana ati rumangsa ora ana anteb
Pengarep-arep iki kaya-kaya bakal klelep
Kaya ngenteni jumedhuling bagaskara
Bakal miyak wewadining raina
Tumindakmu wus bisa kawaca treca
Bakal nggawe rasa ati dadi cuwa lan gela
Kaya ngadhang tibaning udan
Tumetes ing mangsa ketiga
Dawaning donga iki mung bakal muspra
Gusti bakal ngulur wektu lan nundha.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar