Sabtu, 17 September 2016

KANGEN CRITAMU



KANGEN CRITAMU

Aku isih kelingan
Nadyan prastawa wus kepangan jaman
Nalika lungguh sesandhingan
Ing sadawaning sawah galengan
Sinambi nyawang kahanan
Ngetung cacahing lintang ing awang-awang
Nyandhing wengi kang tintrim kebak wewadi
Kairing swara kewan sawah kang terus nyanyi
Karo nunggu ilining banyu mlebu tulakaning sawah

Crita pengalaman pait getiring jaman
Crita nalika kudu pasa amarga kurang pangan
Crita lara lapa rekasane ngudi urip kang tansah kapiran

Nanging …
Kabeh mung kari crita kang kasimpen ing njero dhadha
Sliramu wus sewu dina ninggal aku
Mburu kamukten jati
Marak ngarsane Gusti.

                                                A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar