NYADHONG PITULUNGAN
Aku
getun
Aku
keduwung
Ngapa
lakuning uripku
Nurut
dalaning napsu kekarepanku
Kamangka
Tekening
kalbu
Wus
nuduhake endi dalan kang kudu diluru
Cahya
padhang endi kang kudu diparani
Saiki
Ing
papan panggesangan iki
Ing
titi wanci wingi tumekaning saiki
Aku
dheprok
Ora
bisa alok
Dhuh..
Tanganku
gemeter kedher
Driji
binuka nyadhong duka
Ati
nggrantes apes tumpes pepes
Kelangan
mitra lan kanca
Nuuwun
pitulungan
Nyadhong
kawelasan
Njeritake
panandhang.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar