MARUTANING
ASMARA
Ngapa kowe teka tanpa paweh warta
Kaya
ora ngerti suba sita
Nggeterake
lawanging dhadha
Kareben gelem ngrasa surasaning asmara
Ngapa kowe ngganda aruming puspa
Ngganda
wewangen sajak kebak ing kapang
Ngrerepeh sedheku nyuwun kawelasan
Atiku wis garing nglenthing emoh nyandhing
o… marutaning asmara
nggeblasa
lunga
tinggalen
angga
kairing mantra
o,
marutaning asmara
aku titip kandha
marang rembulan ngemu cahya
aja pisan-pisan nyampyuk kaendahan
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar