Sabtu, 03 September 2016

LINTANG PANJER ESUK



LINTANG PANJER ESUK

Dakadhang endi cahya padhangmu
Minangka pitudhuhing lakuku
Kang wus karacik ing sadawaning wengi
Ngentha-entha mbukaki dina anyar

O, lintang panjer esuk
Pethuken pangimpenku kang kedlarung
Munggah ing pucuking gunung
Nedya nyecep sari beninging bun

O, lintang panjer esuk
Tuntunen lakuku aja nganti kesandhung watu
Tudhuhna lakuku nggayuh kamulyaning kalbu
Giringen ngambah ing alaming bungah

                                                A. Sardi

2 komentar:

  1. Thank You Mrs. Merlina Frandez. Good Luck.

    BalasHapus
  2. Maturnuwun mas Sardi.. bisa dicopas dan diposting lewat WA?

    BalasHapus