Kamis, 15 September 2016

KABAR SAKA DESA



KABAR SAKA DESA

Le …. nDhuk …
Aja takon piye kabare desa
Aja takon saiki lagi panen apa
Mangertia …
Lemah sawah saiki kabeh bubrah
Tanduran lan tetuwuhan saiki wis owah
Pari diganti wesi
Galengan diganti dalan
Suket alang-alang ilang dadi pepalang

Le …. nDhuk …..
Wis ra sah bali desa maneh
Wurung ra wurung
Lakumu bakal kesandhung
Atimu bakal keduwung
Uripmu bakal nglenthung
Mrangguli palemahan sawah saiki wis owah
Dadi gedhong magrong-magrong pomahan

Le …. nDhuk ….
Aja takon papan dunungan pangon
Apa maneh napak tilas papan anggonku padha peplayon
Jembaring lemah saiki kabeh wis pepayon
Uripku wae kaya-kaya wis ora entuk panggon

Le … nDhuk ….
Aku tulungana
Nggolek papan kanggo nurokake raga
Kang saiki wis tuwa lan kari nunggu wektune teka
:apa ya kudu muspra ?

                                                            A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar