SESIDHEMAN
Ora sah sesidheman
Aling-aling sewu gunung tetep bakal
konangan
Katutupana maneka kembang rupa tetep wae
ngegla
Katebahana sakabehing isine dhadha
Tangan tetep nggenggem rasa dosa
Ditangisana nganti kasadatan luhing toya
Aku isih tetep kabotan memala dosa
Aku wis kasadan luhing netra
Sikili kaya gemandhul datan bisa nungkul
Apa dalan iki wis cedhak
Apa ya iki tetengering pisahe jiwa lan
raga ?
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar