Jumat, 02 September 2016

KIDUNG DONGA TENGAH WENGI



KIDUNG DONGA TENGAH WENGI

Dhuh, Sang Hyang Jagad Widhi
Keparenga abdi Dalem sungkem ing pada Paduka
Nedya napaki lan ngonceki tapak lakuning laku
Dene sikil tansah katriwal lan kesandhung watu
Dhumawah ing lemah nedya pasrah sumarah

Dhuh, Sang Hyang Mawikan
Keparenga abdi Dalem maknani aji
Nlesih lan nliti tuwuhing wiji
Kenging menapa tinemu piwales piala
Tebih saking kekudangan samekta

Dhuh, Sang Hyang Bagaskara
Keparenga abdi Dalem kasunarana
Cahyaning Roh minangka tekening amba
Ngambah lan ngicipi wohing kapitadosan
Methik gegadhangan

Dhuh, Sang Hyang Pinuji
Keparenga nuduhaken margining suci
Supados saged ngraosaken badharing impi
Nyecep tirtaning swargi
Kangge sangu nenepi dhiri.

                                                A. Sardi  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar