Rabu, 14 September 2016

KAPAN KAPUNGKASAN ?



KAPAN KAPUNGKASAN ?

Kekarepane manungsa iku
Kaya lumrahe ngedhuk luwangan
Arep kepengin jembar
Kiwa tengen isih longgar
Arep kepengin jero
Lemah ngisor isih logro

Nanging ….
Bareng lumakuning wektu
Umur ra bakal bisa ngukur
Munthes kekarepan nggayuh rembulan lan lintang
Malah kadhang kurang panariman
Isih dederengan

Kekarepan mung kari kekarepan
Manjing ing pikiran kandheg ing kahanan
Nnglolos daya lan kekuwatan
Tekan kapan bakal kapungkasan
: mbok menawa yen kuwalik ing jaman.

                                                A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar