Jumat, 16 September 2016

SEWU DINA



SEWU DINA
(gurit kanggo swargi Bapak)

Pak … !
Ora krasa, ora nyana
Sewu dina Bapak nglelana
Ninggal simbok, anak, putu, putu lan mantu

Pak … !
Pirsanana ….
Simbok, anak, putu, buyut lan mantumu
Padha sedheku nyisihake wektu
Ninggal playu nutup napsu
Nedya lunguh sedheku
Mesu cipta ngeningake ndriya
Nyenyuwun marang Hyang Maha Kuwasa
Muga kersaa paring aboring pepadhang
Tindake Bapak
Manggih raharjo
Diapura kabeh kaluputan lan dosa
Kabukakna korining swarga

Pak … !
Rasa kapang iki nglambrang
Mabur mumbul ing awang-awang
Kepengin sesandhingan karo Bapak
Kepengin crita:
Yen Simbok wis tuwa lan kabotan sangga
Yen anak-anakmu kasil mujudake pangimpenmu
Yen putu-putumu kasil anggone sinau
Yen buyut-buyutmu durung pana praupamu
Yen mantu-mantumu njurung laku

Pak … !
Tapak sikilmu isih cetha ing plataran
Daya kringetmu isih tumetes ing njogan
Kidung dongamu isih cetha ngumandhang
Simbok, anak-anakmu, putu-putumu, buyut-buyutmu lan mantu-mantumu
Isih butuh panyaruwe lan pituduhmu

Pak … !
Simbok, anak-anakmu, putu-putumu, buyut-buyutmu, mantu-mantumu
Ora bakal lali lan nglari
Nedya mujudake pangimpi
Kang nate Bapak ajari

Pak … !
Dawa donga pamuji iki
Muga Gusti kersa anampi
Sembah lan bekti
Bapak kalenggahake sesandhingan karo para suci
Ngraosake gesang langgeng ing swargi.

Amin.

                                                                                          A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar