PUNGKASAN
Nalika sang bagaskara angslup mega
Rasa
panalangsa iki mubal kaya prahara
Jumedhul
saka satengahe samodra
Nampek
kaya mecah-mecahna dhadha
Lelakon
lawas tuwuh ngambra-ambra
Sinengkuyung
swara ombak sambat ngaluwara
Watu-watu
karang kabodan dosa angkara murka
Swara
jerite manuk-manuk camar kebak dosa
Rikat
laku lakuning wengi
Miyak
lan mbukak wewadi
Janji-janji
kang wis tumali dadi siji
Kabukti
Janji
durung kasil kabukti katetepi
Dalaning
pepesthen wis ngenteni
Kudu
ditampi
Saiki
Gusti
nimbali
Sowan
ngabekti
Mati
!
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar