Senin, 12 September 2016

GAMBAR KANG CUMENTHEL ING KAMAR



GAMBAR KANG CUMENTHEL ING KAMAR

Ana wewayangan kumleyang
Medhar lelakon lawas
Nanging kebak kabungahan lan kaendahan
Nalika ngambah ing mangsa kasmaran
Kabeh sarwa karenda ing esem
Kaya tembang kelangenan
Ora isa ilang

Crita dawa iki
Mili saka maknaning gambar
Kang isih tetep cumen thel ing tembok kamar
Ora bakal kapangan ing wektu
Ora bakal kapranggas ing mangsa
Tetep cetha trewaca ngegla
Duwe makna

Nadyan rakitaning crita saka gambar
Mung kari wewayangan kang samesthine ilang
Nanging ing wektu-wektu tartemtu bakal kawetu
Njedhul tumungkil ing pangimpen.

                                                A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar